3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+
12 Hé wong Israèl,+ Yéhuwah bakal ngumpulké kowé sing wis padha mencar ing Kali Éfrat tekan Wadi* Mesir,+ kaya wong sing nggebug-nggebug wit bèn buahé tiba lan ngumpulké buahé.
11 Wong Yéhuda lan Israèl bakal bersatu+ lan bakal milih wong dadi pemimpin, terus lunga saka tanah kuwi. Dina kuwi bakal dadi dina sing penting kanggo Yizréèl.+