-
Lukas 8:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Terus, murid-murid nakoni Yésus soal artiné perumpamaan kuwi.+ 10 Yésus njawab, ”Kowé wis diwènèhi pemahaman soal rahasia suci Kerajaané Gusti Allah, ning wong-wong liyané mung dikandhani liwat perumpamaan thok.+ Dadi, wong-wong kuwi tetep ora isa ngerti senajan isa ndelok, lan wong-wong kuwi tetep ora isa paham senajan isa krungu.+
-
-
Kisah 28:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Merga nduwé pendapat sing béda-béda, wong-wong kuwi mulai lunga saka kono. Terus, Paulus ngomong ngéné,
”Apa sing diomongké roh suci liwat Nabi Yésaya marang nènèk moyangmu kuwi pancèn bener, 26 yaiku, ’Kowé kudu ngomong ngéné marang bangsa iki, ”Kowé bakal krungu ning babar blas ora paham artiné, lan kowé bakal ndelok ning babar blas ora ngerti.+
-