PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 31:16, 17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ora suwé manèh kowé bakal mati, lan bangsa iki bakal ora setya karo aku lan bakal nyembah allah-allah liya sing ana ing tanah sing bakal ditekani wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi bakal ninggalké Aku+ lan nglanggar perjanjian sing Tak gawé karo wong-wong kuwi.+ 17 Wektu kuwi, Aku bakal nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Aku bakal ninggalké+ lan ora bakal mbantu wong-wong kuwi*+ nganti wong-wong kuwi disingkirké. Terus, sakwisé ngalami susah lan sengsara,+ wong-wong kuwi bakal kandha, ’Awaké dhéwé susah kaya ngéné merga Gusti Allah ninggalké awaké dhéwé.’+

  • Pangandharing Torèt 32:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Mula Dhèwèké kandha, ’Aku ora bakal mbantu wong-wong kuwi.*+

      Aku bakal ndelok piyé akhiré wong-wong kuwi.

      Wong-wong kuwi wong-wong* sing ora bener,+

      Anak-anak sing ora setya.+

  • Yésaya 57:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Aku nesu merga dhèwèké dosa lan nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur.+

      Mula, Aku ngukum dhèwèké. Aku nesu lan ora perduli manèh.

      Ning, dhèwèké tetep mbrontak+ lan tumindak sak karepé dhéwé.

  • Yèhèzkièl 39:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Bangsa-bangsa bakal ngerti nèk wong Israèl ditawan merga kesalahané dhéwé, merga ora setya karo Aku.+ Mula Aku bakal ninggalké* wong Israèl, lan wong-wong kuwi bakal Tak serahké marang mungsuhé.+ Kabèh wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang.+

  • Mikha 3:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Wektu kuwi, kowé bakal njaluk tulung marang Yéhuwah,

      Ning Dhèwèké ora bakal njawab.

      Wektu kuwi, Dhèwèké bakal ninggalké kowé+

      Merga tumindakmu jahat.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim