PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Lukas 4:17-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 dhèwèké diwènèhi gulungan tulisan Nabi Yésaya. Terus, sakwisé mbukak gulungan kuwi, Yésus nggolèki lan nemokké ayat sing kandha, 18 ”Yéhuwah* mènèhi aku roh suciné. Dhèwèké milih aku bèn aku nyritakké kabar apik marang wong mlarat. Dhèwèké ngongkon aku ngandhani nèk wong-wong sing ditawan bakal dibébaské, wong wuta bakal isa ndelok manèh, lan wong sing ketindhes bakal dibébaské.+ 19 Dhèwèké ya ngongkon aku ngandhani soal wektuné* Yéhuwah* mesakké karo umaté.”+ 20 Terus, Yésus nggulung manèh gulungan kuwi, mbalèkké marang petugas, lan lungguh. Kabèh wong ing sinagogé kuwi ndeloki Yésus. 21 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Dina iki, ayat sing lagi waé mbok rungokké wis kelakon.”+

  • Lukas 7:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Yésus njawab wong loro kuwi, ”Balia, lan critakna marang Yohanes apa sing mbok delok lan sing mbok rungokké: Wong wuta isa ndelok,+ wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta dimarèkké,* wong budheg isa krungu,+ wong mati diuripké manèh, lan wong mlarat dikandhani kabar apik.+

  • Kisah 26:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Kowé bakal tak slametké saka bangsa iki lan bangsa-bangsa liyané merga aku ngutus kowé marang wong-wong kuwi.+ 18 Kowé tak utus kanggo mbukak mripaté wong-wong kuwi+ lan nuntun wong-wong kuwi metu saka petengan+ menyang panggonan sing padhang.+ Kowé ya tak utus kanggo nuntun wong-wong kuwi metu saka kuwasané Sétan+ marang kuwasané Gusti Allah. Hasilé, Gusti Allah bakal mberkahi lan nyucèkké wong-wong kuwi, kaya sing wis Dhèwèké tindakké marang wong-wong liyané sing wis setya.’

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim