-
Lukas 1:30-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Mula, malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi Maria, kowé wis nggawé Gusti Allah seneng. 31 Kowé bakal meteng lan nglairké anak lanang.+ Anak kuwi kudu mbok jenengi Yésus.+ 32 Dhèwèké bakal dadi wong sing penting+ lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur.+ Gusti Allah Yéhuwah* bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé.*+ 33 Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané* bakal ana sakterusé.”+
34 Ning Maria ngomong, ”Apa ya mungkin aku nduwé anak? Aku kan isih prawan.”*+ 35 Malaékat kuwi njawab, ”Kowé bakal nampa roh suci,+ lan kuwasané Sing Mahaluhur bakal nglindhungi kowé. Kuwi sebabé anak kuwi bakal lair tanpa nduwé dosa+ lan bakal disebut Anaké Gusti Allah.+
-