34 Ning, kowé tak kandhani: Aja pisan-pisan nggawé sumpah.+ Aja sumpah demi swarga, merga kuwi takhtané Gusti Allah. 35 Aja sumpah demi bumi, merga kuwi panggonané Gusti Allah ndèlèhké sikilé.+ Aja sumpah demi Yérusalèm, merga kutha kuwi kutha Raja sing agung.+