13 Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa ngomong ngéné,
”Abdi-Ku bakal mangan, tapi kowé bakal ngelih.+
Abdi-Ku bakal ngombé,+ tapi kowé bakal ngelak.
Abdi-Ku bakal ngrasa seneng,+ tapi kowé bakal ngrasa isin.+
14 Abdi-Ku bakal sorak-sorak merga atiné seneng,
Tapi kowé bakal nangis merga sedhih
Lan nangis banter banget merga ora nduwé semangat manèh.