PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 28:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Yéhuwah ngrendhahké Yéhuda merga Ahaz raja Israèl. Ahaz nggawé Yéhuda babar blas ora setya marang Yéhuwah, lan Yéhuda dadi saya bejat.

      20 Tilgat-pilnèsèr+ raja Asiria ora mbantu, ning malah nyerang Ahaz lan nggawé susah.+

  • Yésaya 7:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Yéhuwah bakal ngongkon raja Asiria+ nyerang kowé. Wektu kuwi, kowé, rakyatmu, lan keturunané bapakmu bakal ngalami kesusahan sing durung tau dialami kèt Éfraim pisah karo Yéhuda.+

  • Yésaya 7:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 ”Pas kuwi, Yéhuwah bakal ngongkon raja Asiria+ nyukur rambut ing sirahmu lan wulu ing sikilmu, merga dhèwèké kaya pisau cukur sing diséwa saka wilayah Kali Éfrat. Jénggotmu ya bakal dicukur nganti entèk.

  • Yésaya 10:28-32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Dhèwèké tekan ing kutha Ayat.+

      Dhèwèké wis ngliwati kutha Migron.

      Dhèwèké nyimpen barang-barangé ing kutha Mikhmash.+

      29 Dhèwèké wis nyabrang

      Lan nginep ing Géba.+

      Penduduké Rama wedi, lan penduduké Gibéah+ kuthané Saul padha mlayu.+

      30 Hé penduduké Galim, bengok-bengoka.

      Hé penduduké Laisya, kowé kudu waspada.

      Hé penduduké Anatot,+ kowé mesakké banget.

      31 Penduduké Madména wis padha mlayu.

      Penduduké Gébim wis padha ngungsi.

      32 Pas kuwi, dhèwèké mandheg ing kutha Nob.+

      Dhèwèké ngangkat lan ngarahké tangané ing gunungé kutha Zion

      Kanggo ngancam Yérusalèm sing ana ing gunung.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim