21 Terus, Yéhuwah ngutus malaékaté lan nyingkirké kabèh pejuang hébat,+ pemimpin, lan pemimpin pasukan ing perkémahané raja Asiria. Mula, raja Asiria bali ing negarané karo isin. Dhèwèké mlebu ing kuilé allahé, lan ing kono dhèwèké dipatèni anak-anaké dhéwé nganggo pedhang.+