-
Roma 9:31-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Ning, senajan wong Israèl ngupaya manut hukum bèn dianggep bener, tapi upayané gagal. 32 Apa sebabé? Wong-wong kuwi ngupaya dianggep bener liwat tumindak, dudu liwat iman. Wong-wong kuwi kesandhung karo ”watu sing nggawé kesandhung”,+ 33 padha karo ayat sing kandha, ”Ing Zion, Aku ndèlèhké watu+ sing bakal nggawé wong kesandhung lan watu sing bakal nggawé wong tiba, ning wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal kecéwa.”+
-
-
1 Pétrus 2:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Mula, watu kuwi berharga kanggo kowé merga kowé percaya karo dhèwèké. Ning, kanggo wong sing ora percaya karo dhèwèké, ”watu sing ditolak tukang bangunan+ wis dadi watu sing utama”,*+ 8 lan dadi ”watu sing bakal nggawé wong kesandhung lan watu sing bakal nggawé wong tiba.”+ Wong-wong kuwi kesandhung merga ora manut karo omongané Gusti Allah. Kuwi akhir sing bakal dialami wong-wong kuwi.
-