PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 4:13-16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Sakwisé ninggalké Nazarèt, Yésus teka lan manggon ing Kapernaum,+ ing pinggir laut ing dhaérah Zébulon lan Naftali. 14 Mula, omongané Gusti Allah sing disampèkké liwat Nabi Yésaya kelakon, yaiku, 15 ”Hé tanah Zébulon lan Naftali, ing sepanjang dalan menyang laut, ing sabrangé Kali Yordan, Galiléa sing dienggoni bangsa-bangsa liya, 16 wong-wong sing lungguh ing petengan ndelok cahaya sing padhang,+ lan wong-wong sing lungguh ing panggonan sing ditutupi bayang-bayang kematian wis dipadhangi.”+

  • Lukas 1:78, 79
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 78 Gusti Allahé awaké dhéwé bakal nindakké kuwi kabèh, merga Dhèwèké mesakké awaké dhéwé. Merga rasa mesakké iki, Gusti Allah bakal madhangi awaké dhéwé kaya cahaya pas matahari terbit. 79 Cahaya kuwi bakal madhangi wong-wong sing lungguh ing petengan lan panggonan sing ditutupi bayang-bayang kematian.+ Cahaya kuwi ya bakal nduduhké marang awaké dhéwé apa sing kudu ditindakké bèn ngrasa tentrem.”

  • Lukas 2:30-32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Aku wis ndelok wong sing bakal nylametké manungsa.+ 31 Dhèwèké wis Njenengan utus bèn kabèh wong isa ndelok kuwi.+ 32 Dhèwèké kuwi cahaya+ sing nggawé bangsa-bangsa+ dadi isa ndelok jelas. Dhèwèké ya dadi kemuliaané Israèl, umat-Mu.”

  • Yohanes 1:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Sedhéla manèh, cahaya sing sejati sing madhangi kabèh wong bakal teka ing donya.+

  • Yohanes 8:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 12 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi manèh, ”Aku iki cahaya sing madhangi donya.+ Sapa waé sing ngetutké aku ora bakal mlaku ing petengan, ning bakal nduwé cahaya+ sing isa nuntun ing urip.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim