28 Sakwisé Yésus rampung ngomongké kuwi kabèh, kumpulan wong kuwi kagum karo carané Yésus mulang,+29 merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah,+ ora kaya para ahli Taurat.
42 Ing Dina Pengadilan, Ratu Syéba* bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh bèn isa ngrungokké kawicaksanané* Salomo.+ Tapi, ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Salomo.+