18 Imam kuwi ya kudu ngolèské getih kuwi ing sungu-sunguné mézbah+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah ing kémah pertemuan. Sisa getihé kudu diesokké ing bagéan ngisor mézbah persembahan bakaran, sing ana ing lawangé kémah pertemuan.+
21 Dhèwèké bakal nggawa sapi kuwi menyang njaba perkémahan lan ngobong kuwi ing kana, kaya sing ditindakké marang sapi lanang sing mau.+ Kuwi persembahan dosa kanggo jemaat.*+