5 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné Aku mènèhi Daud keturunan* sing tumindaké bener.+ Ana raja sing bakal mréntah.+ Raja kuwi wicaksana* lan nindakké apa sing adil lan sing bener ing tanah iki.+
8 ”’Padha rungokna, hé Imam Agung Yosua lan para imam sing lungguh ing ngarepmu. Kowé kabèh dadi tandha soal apa sing bakal kelakon sukmbèn. Aku bakal ngutus abdi-Ku+ sing jenengé Tunas.+
”’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Iki wong sing jenengé Tunas.+ Dhèwèké bakal ngetokké tunas saka panggonané dhéwé, lan dhèwèké bakal mbangun baité Yéhuwah.+