36 ’Kaya suling, ati-Ku bakal sedhih banget merga nangisi Moab,+
Lan kaya suling, ati-Ku ya bakal sedhih banget merga nangisi wong Kir-hèrès,
Sebab kabèh kekayaané wis ilang.
37 Sirahé kabèh wong dadi bothak,+
Jénggoté kabèh wong dicukur,
Ana akèh luka ing tangané,+
Lan ana kain goni ing pinggangé.’”+