-
Yésaya 7:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Ibu kotané Siria kuwi Damaskus,
Lan rajané Damaskus kuwi Rézin.
Ora nganti 65 taun manèh,
Éfraim bakal bener-bener dihancurké lan ora dadi bangsa manèh.+
-
-
Yésaya 28:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Cilaka tenan mahkota* sing dibanggakké wong Éfraim+ sing seneng mabuk.
Hiasané mung kembang sing arep layu
Ing puncak lembah sing subur, sing dienggoni wong-wong sing mabuk merga ngombé anggur.
2 Yéhuwah bakal ngongkon wong sing kuwat.
Kaya udan ès sing medèni, kaya badai sing ngrusak,
Kaya badai lan banjir gedhé,
Dhèwèké bakal nguncalké mahkota kuwi ing bumi.
-