8 Batas kuwi munggah ing Lembah Putra Hinom+ menyang lèrèngé wong Yébus+ ing sisih kidul, yaiku Yérusalèm.+ Batasé isih munggah manèh tekan puncak gunung sing madhep Lembah Hinom ing sisih kulon. Gunung kuwi ana ing bagéan paling lor Lembah Réfaim.
12 Batas sisih kulon wilayahé suku Yéhuda kuwi Laut Besar*+ lan pantainé. Kuwi batas-batas ing sak ubengé tanah sing diwènèhké marang keturunané Yéhuda nurut keluargané.
16 Batas kuwi terus mudhun menyang pucuk gunung sing madhep Lembah Putra Hinom,+ yaiku ing sisih loré Lembah Réfaim,+ terus mudhun menyang Lembah Hinom, ing dhaérah lèrèngé wong Yébus+ ing kidul, terus mudhun menyang Èn-rogèl.+