7 Salomo mbangun istanané suwéné 13 taun,+ nganti kabèh rampung.+
2 Dhèwèké mbangun Omah Alas Lébanon+ sing dawané 100 hasta, ambané 50 hasta, lan dhuwuré 30 hasta. Kuwi disangga patang baris cagak saka kayu aras, lan ing ndhuwuré cagak-cagak+ mau ana balok-balok saka kayu aras.