-
Yésaya 5:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Mula, saiki kowé Tak kandhani
Kebon anggur-Ku kuwi arep Tak gawé kaya ngéné:
Pageré arep Tak singkirké
Lan Tak obong.+
Témboké arep Tak ambrukké
Lan Tak idak-idak.
-
-
Yérémia 4:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Pasangen tandha sing nduduhké dalan menyang Zion.
Golèka panggonan kanggo berlindung, lan aja meneng waé.”
Aku bakal mènèhi bencana saka lor,+ bencana sing medèni banget.
-
-
Yèhèzkièl 6:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Ing kabèh dhaérah sing mbok enggoni, kutha-kuthané bakal dihancurké+ lan panggonan-panggonan dhuwuré bakal diremuk lan ditelantarké.+ Mézbahé bakal diremuk lan disingkirké. Brahala-brahalamu sing njijiki bakal dihancurké. Panggonan-panggonan dupamu bakal dirusak. Apa waé sing wis mbok gawé bakal dimusnahké.
-