PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 18:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 ”’Aja nindakké kuwi kabèh bèn kowé ora najis. Bangsa-bangsa sing arep Tak usir saka ngarepmu nindakké kuwi kabèh, mula wong-wong kuwi najis.+

  • Wilangan 35:33, 34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 ”’Aja nggawé najis tanah sing mbok enggoni, merga getih nggawé tanah dadi najis,+ lan tanah ora isa disucèkké* saka getih sing wis diwutahké kecuali nganggo getihé wong sing ngutahké kuwi.+ 34 Aja nggawé najis tanah sing mbok enggoni, yaiku tanah sing Tak enggoni. Merga Aku, Yéhuwah, ana ing tengah-tengahé wong Israèl.’”+

  • 2 Babad 33:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Manasyé terus mblasukké wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm, mula wong-wong kuwi nindakké sing luwih jahat timbang bangsa-bangsa sing wis disingkirké Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.+

  • Yérémia 3:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Ana sing kandha, ”Nèk wong lanang megat bojoné, terus bojoné kuwi lunga lan nikah karo wong lanang liya, wong lanang sing pertama kuwi ora éntuk bali manèh karo wong wédok mau.”

      Tanah iki kan wis bener-bener najis, ta?+

      ”Kowé wis melacur karo akèh wong lanang.+

      Apa pantes kowé saiki bali marang Aku?” kandhané Yéhuwah.

  • Yérémia 23:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Tanah iki kebak wong sing laku jina.*+

      Kutukan nggawé tanah iki dadi sedhih+ lan nggawé padhang rumput ing padhang belantara dadi garing.+

      Wong-wong kuwi tumindak jahat lan nggunakké kekuasaané nganggo cara sing ora adil.

      11 ”Nabi utawa imam wis padha murtad.*+

      Malah ing omah-Ku dhéwé, Aku ndelok kejahatané wong-wong kuwi,”+ kandhané Yéhuwah.

  • Kidung Pangadhuh 4:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Kuwi kabèh kelakon merga dosané para nabiné lan kesalahané para imamé,+

      Sing wis matèni wong-wong bener ing kana.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim