-
Mazmur 119:165Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
165 Wong sing seneng karo hukum-Mu ngrasa ayem banget.+
Ora ana sing isa nggawé wong kuwi kesandhung.
-
-
Filipi 4:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Aja nguwatirké apa waé.+ Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah+ lan terus ngucap syukur. 7 Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem+ sing ora isa dipahami manungsa. Terus, liwat Kristus Yésus, Gusti Allah bakal njaga ati+ lan pikiranmu.
-