-
Purwaning Dumadi 7:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Saben jenis kéwan sing urip* terus marani Nuh ing njero kapal, loro-loro. 16 Kabèh jenis kéwan padha mlebu, lanang lan wédok, kaya sing dipréntahké Gusti Allah marang Nuh. Sakwisé kuwi, Yéhuwah nutup lawangé kapal.
-
-
Pangentasan 12:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Bar kuwi, celupna sak iket hisop* ing getihé kéwan kuwi sing wis ana ing baskom. Cipratna getih kuwi ing kusèn lawang sisih kiwa, tengen, lan ndhuwur. Ora ana sing éntuk metu saka omah nganti ésuk. 23 Wektu Yéhuwah teka kanggo ngukum wong Mesir lan ndelok getih ing kusèn lawangmu sisih kiwa, tengen, lan ndhuwur, Yéhuwah ora bakal mlebu omahmu, ning omahmu mung bakal diliwati. Dhèwèké ora bakal matèni sapa waé sing ana ing njero omahmu.+
-