-
Yésaya 60:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Kabèh rakyatmu bakal nindakké apa sing bener
Lan bakal nduwèni tanah iki saklawasé.
22 Sing sithik bakal dadi sèwu,
Lan sing cilik bakal dadi bangsa sing gedhé lan kuwat.
Aku, Yéhuwah, bakal nggawé kuwi ndang kelakon ing wektuné.”
-
-
Yérémia 30:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Iki sing diomongké Yéhuwah:
”Aku bakal nglumpukké keturunané Yakub sing ditawan.+
Aku bakal mesakké wong-wong kuwi, lan panggonané bakal Tak pulihké.
Kutha kuwi bakal dibangun manèh ing panggonané mbiyèn,+
Lan menarané sing ana bèntèngé bakal ngadeg ing panggonané.
19 Wong-wong kuwi bakal ngucap syukur lan ngguyu.+
Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dadi saya akèh lan jumlahé wong-wong kuwi ora bakal dadi sithik.+
-