49 ”Yéhuwah bakal nggawé bangsa+ sing adoh banget saka pucuké bumi nyerang kowé. Bangsa kuwi, yaiku bangsa sing basané ora mbok ngertèni,+ bakal dadi kaya manuk elang+ sing nyerang mangsané. 50 Bangsa kuwi kejem, ora perduli karo wong sing wis tuwa, lan ora mesakké karo sing enom.+
21 Hukum Musa kandha, ”Yéhuwah* ngomong,+ ’Aku bakal ngomong karo bangsa iki nganggo basané wong asing lan kata-katané wong sing ora dikenal. Ning, bangsa iki tetep ora gelem ngrungokké Aku.’”