24 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Umat-Ku sing manggon ing Zion, aja wedi karo wong Asiria sing nggebug kowé nganggo tongkat+ kaya sing mbiyèn ditindakké wong Mesir.+
26 Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan, bakal mecut dhèwèké+ kaya pas Aku ngalahké Midian ing Watu Orèb.+ Aku bakal ngangkat lan ngarahké tongkat-Ku ing laut, padha kaya sing Tak tindakké ing Mesir.+