PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 45:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Gusti Allah mènèhi njenengan kuwasa dadi raja saklawasé.*+

      Tongkat kerajaanmu kuwi tongkat keadilan.+

  • Mazmur 72:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 72 Oh Gusti Allah, tulung ajari raja soal hukum-Mu,

      Lan tulung ajari anaké raja soal keadilan-Mu.+

  • Yésaya 9:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Kuwasané bakal saya gedhé,

      Lan pamréntahané bakal terus nggawé rukun lan tentrem.+

      Dhèwèké bakal dadi raja kaya Daud,+

      Lan kerajaané bakal saya kuwat lan bakal ana sakterusé,+

      Merga dhèwèké bener+ lan adil+

      Saka saiki nganti saklawasé.

      Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.

  • Yésaya 11:4, 5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Dhèwèké adil wektu ngadili wong cilik.

      Dhèwèké nindakké apa sing adil kanggo nglindhungi wong sing rendah hati ing bumi.

      Omongané bakal kaya tongkat sing digunakké kanggo nggebug bumi.+

      Dhèwèké bakal ngukum mati wong jahat nganggo omongané.*+

       5 Keadilan* bakal dadi kaya sabuk ing pinggangé,

      Lan kesetiaan ya bakal dadi kaya sabuk ing pinggangé.+

  • Yérémia 23:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné Aku mènèhi Daud keturunan* sing tumindaké bener.+ Ana raja sing bakal mréntah.+ Raja kuwi wicaksana* lan nindakké apa sing adil lan sing bener ing tanah iki.+

  • Zakharia 9:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  9 Hé penduduk Zion, padha seneng-senenga.

      Hé penduduk Yérusalèm, padha sorak-soraka merga wis menang.

      Deloken! Rajamu teka marani kowé.+

      Dhèwèké adil lan bakal nylametké kowé.

      Dhèwèké rendah hati+ lan numpak keledai,

      Keledai enom,* anaké keledai wédok.+

  • Ibrani 1:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Njenengan seneng karo apa sing bener lan sengit karo apa sing jahat. Kuwi sebabé Gusti Allah nglantik njenengan+ nganggo minyak lan nggawé njenengan luwih bahagia timbang kanca-kancané njenengan.”+

  • Wahyu 19:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Aku ndelok langit kebukak, lan ana jaran putih siji.+ Sing numpak jaran kuwi disebut Setya+ lan Bener.+ Dhèwèké ngadili lan perang demi keadilan.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim