15 Malaékat sing kepitu nyebul trompèté.+ Terus, ana swara-swara banter saka langit sing kandha, ”Kerajaané Gustiné awaké dhéwé+ lan Kristusé+ saiki wis mréntah donya, lan Dhèwèké bakal mréntah dadi raja saklawasé.”+
17 Para pinituwa kuwi kandha, ”Oh, Gusti Allah Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana lan sing saiki ana.+ Maturnuwun merga Njenengan wis nggunakké kuwasané Njenengan sing hébat lan mulai mréntah dadi raja.+