-
Yésaya 29:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Wektu kuwi, wong budheg bakal krungu swarané wong sing macakké buku.
Wong wuta dibébaské saka panggonan sing peteng lan bakal isa ndelok manèh.+
-
-
Markus 7:32-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Ing kono, wong-wong nggawa marang Yésus wong lanang budheg sing ora lancar ngomong.+ Wong-wong kuwi njaluk bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong mau. 33 Terus, Yésus ngejak wong kuwi ngedoh saka wong liyané. Pas ora ana wong liya ing cedhaké, Yésus nglebokké drijiné ing kupingé wong kuwi, lan sakwisé ngidu, Yésus ndemèk ilaté wong kuwi.+ 34 Terus, Yésus ndhangak, narik napas, lan kandha, ”Effata,” sing artiné ”Mbukaka”. 35 Terus, kupingé wong kuwi langsung kebukak,+ lan dhèwèké ya dadi isa ngomong lancar.
-