PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 26:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Sakwisé persediaan* rotimu*+ Tak hancurké, sisa rotiné mung tinggal sithik banget, nganti wong wédok sepuluh mung butuh oven siji kanggo manggang roti.+ Terus, rotiné bakal ditimbang, lan kowé mung bakal éntuk jatah sithik. Kowé bakal mangan ning ora puas.+

  • Pangandharing Torèt 28:49
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 49 ”Yéhuwah bakal nggawé bangsa+ sing adoh banget saka pucuké bumi nyerang kowé. Bangsa kuwi, yaiku bangsa sing basané ora mbok ngertèni,+ bakal dadi kaya manuk elang+ sing nyerang mangsané.

  • Pangandharing Torèt 28:51
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 51 Bangsa kuwi bakal mangan ternakmu lan hasil tanahmu nganti kowé disingkirké. Ora ana biji-bijian, anggur anyar, minyak, anak sapi, utawa anak domba sing diturahké wong-wong kuwi kanggo kowé nganti wong-wong kuwi nyingkirké kowé.+

  • Yérémia 37:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Mula, Raja Zédékia mréntahké bèn Yérémia ditahan ing Halaman Penjaga.+ Saben dina, Yérémia diwènèhi roti bunder saka dalan tukang roti,+ nganti kabèh roti ing kutha entèk.+ Yérémia tetep ditahan ing Halaman Penjaga.

  • Yèhèzkièl 4:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Terus Dhèwèké kandha manèh, ”Hé anaké manungsa, persediaan pangan ing Yérusalèm+ bakal Tak kurangi.* Wong-wong kuwi bakal kuwatir banget wektu mangan roti nganti rotiné ditimbang.+ Pas ngombé banyu, wong-wong kuwi bakal wedi kentèkan nganti banyuné kudu diukur.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim