-
2 Para Raja 19:1-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Sakwisé krungu soal kuwi, Raja Hizkia langsung nyuwèk klambiné lan nganggo kain goni, terus dhèwèké mlebu ing omahé Yéhuwah.+ 2 Bar kuwi, dhèwèké ngongkon pengawas istana yaiku Èliakim, Syébnah sekretaris kerajaan, lan wong-wong sing dadi kepalané para imam supaya padha nganggo kain goni lan nemoni Nabi Yésaya+ anaké Amoz. 3 Wong-wong kuwi kandha, ”Hizkia ngomong ngéné, ’Dina iki awaké dhéwé susah banget merga direndhahké lan digawé isin. Awaké dhéwé kaya wong wédok sing ora kuwat nglairké, padahal wis wektuné nglairké.+ 4 Mungkin Yéhuwah Gusti Allahmu bakal ngrungokké omongané Rabsyaké, sing dikongkon raja Asiria ngécé Gusti Allah.*+ Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mbales Rabsyaké merga omongané kuwi. Mula, tulung ndonga+ kanggo kepentingané wong-wong sing isih ana ing tanah iki.’”
-