27 Ning, Aku ngerti tenan kabèh sing mbok tindakké,+
Wektu kowé lungguh, wektu kowé lunga, wektu kowé bali, lan wektu kowé nesu karo Aku.+
28 Aku wis krungu pas kowé nesu+ lan bengok-bengok marang Aku.+
Aku bakal masang gelang wesi ing irungmu lan tali+ ing cangkemmu,
Lan Aku bakal nggawa kowé bali liwat dalan sing mbok liwati wektu kowé teka.”+