-
2 Para Raja 19:29-31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 ”’Iki sing bakal dadi tandha kanggo kowé Hizkia: Taun iki, kowé lan rakyatmu bakal mangan hasil tanduran sing thukul tanpa ditandur.* Taun keloro, kowé bakal mangan biji-bijian saka tanduran mau.+ Ning, pas taun ketelu, kowé bakal nyebar benih lan manèn. Kowé ya bakal nandur wit anggur lan mangan buahé.+ 30 Wong Yéhuda sing slamet lan isih urip+ bakal kaya tanduran sing akaré jero lan sing metu buahé. 31 Wong sing isih urip bakal metu saka Yérusalèm, lan wong sing slamet bakal metu saka Gunung Zion. Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.+
-