-
2 Para Raja 19:35-37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 Bengi kuwi, malaékaté Yéhuwah matèni wong 185.000 ing perkémahané wong Asiria.+ Pas tangi ésuk-ésuk, wong-wong padha ndelok mayaté wong-wong kuwi.+ 36 Akhiré, Sanhèrib raja Asiria bali ing Niniwé+ lan manggon ing kana.+ 37 Pas Sanhèrib sujud ing kuilé Nisrokh déwané, anak-anaké Sanhèrib, yaiku Adramèlèkh lan Syarèzèr, matèni Sanhèrib nganggo pedhang,+ terus mlayu ing tanah Ararat.+ Bar kuwi, Ésar-hadon+ anaké Sanhèrib nggantèni bapaké dadi raja.
-