-
2 Para Raja 20:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Pas Hizkia lara lan arep mati,+ Nabi Yésaya anaké Amoz ngomong karo dhèwèké, ”Yéhuwah ngomong ngéné, ’Kowé kudu rembugan karo keluargamu merga kowé ora bakal mari. Kowé bakal mati.’”+ 2 Terus, Hizkia madhep témbok lan ndonga marang Yéhuwah, 3 ”Oh Yéhuwah, tulung éling nèk aku wis setya lan saktulusé ati ngabdi marang Njenengan. Aku ya wis nindakké sing bener, kaya sing mbok karepké.”+ Terus, Hizkia nangis banter banget.
-