-
Yérémia 5:26-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Kuwi merga ana wong-wong jahat ing antarané umat-Ku.
Wong-wong kuwi ngincer, kaya wong sing ndhelik arep nangkep manuk.
Wong-wong kuwi masang jebakan sing marahi mati.
Wong-wong kuwi nangkep manungsa.
27 Kaya kurungan sing kebak manuk,
Omahé wong-wong kuwi kebak barang-barang hasil penipuan.+
Kuwi sebabé wong-wong kuwi sugih lan nduwé kuwasa.
28 Wong-wong kuwi dadi lemu lan kulité kenceng.
Wong-wong kuwi nindakké akèh banget kejahatan.
Bèn isa makmur, wong-wong kuwi ora adil marang anak yatim+
Lan ora adil marang wong miskin.’”+
-
-
Mikha 2:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Cilaka wong-wong sing nggawé siasat jahat,
Sing nggawé rencana jahat ing panggonané turu.
Pas wis ésuk, wong-wong kuwi mulai nindakké rencanané
Merga padha nduwé kuwasa lan kemampuan kanggo nindakké kuwi.+
2 Nèk péngin nduwé ladhang, wong-wong kuwi padha ngrampas.+
Nèk péngin nduwé omah, wong-wong kuwi padha ngrebut.
Bèn isa éntuk omah lan warisané wong liya,+
Wong-wong kuwi padha ngapusi.
-
-
Mikha 6:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Apa ing omahé wong jahat isih ana harta sing asalé saka kejahatané?
Apa ing kono isih ana takeran éfa sing kurang, sing disengiti Gusti Allah?
-