PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 18:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Aku wis kenal tenan karo Abraham, lan Aku percaya nèk dhèwèké mesthi bakal ngongkon anak-anaké lanang lan keturunané manut karo préntahé Yéhuwah lan nindakké sing bener lan adil,+ bèn Yéhuwah isa nepati janjiné karo Abraham.”

  • Pangandharing Torèt 4:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 ”Kowé kudu ngati-ati lan waspada bèn kowé ora lali karo kabèh sing wis mbok delok lan bèn kuwi tetep ana ing atimu nganti saklawasé. Kowé ya kudu nyritakké soal kuwi marang anak putumu.+

  • Yosua 4:21-24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Terus, Yosua kandha marang bangsa Israèl, ”Sukmbèn, nèk anak-anakmu takon, ’Watu-watu iki artiné apa?’+ 22 jelasna marang anak-anakmu, ’Bangsa Israèl nyabrang Kali Yordan ing lemah sing garing.+ 23 Wektu kuwi, Yéhuwah Gusti Allahmu ngasatké Kali Yordan ing ngarepé bangsa kuwi nganti kabèh wong rampung nyabrang. Kuwi padha kaya wektu Yéhuwah Gusti Allahmu ngasatké Laut Merah ing ngarepé bangsa kuwi nganti kabèh rampung nyabrang.+ 24 Yéhuwah nindakké kuwi bèn kabèh bangsa ing bumi ngerti nèk Dhèwèké nduwé kuwasa sing gedhé banget+ lan bèn kowé tetep wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu.’”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim