27 Yéhuwah kandha, ”Aku bakal nyingkirké Yéhuda saka ngarep-Ku,+ kaya Aku nyingkirké Israèl.+ Aku bakal nolak kutha Yérusalèm sing wis Tak pilih iki lan nolak omah sing mbiyèn Aku tau kandha, ’Jeneng-Ku bakal tetep ana ing kono.’”+
3 Kuwi kabèh kelakon merga Yéhuwah wis kandha nèk arep nyingkirké Yéhuda.+ Yéhuda disingkirké merga kabèh dosa sing wis ditindakké Manasyé+4 lan merga Manasyé matèni wong sing ora salah.+ Ing Yérusalèm, Manasyé wis matèni akèh banget wong sing ora salah, lan Yéhuwah ora gelem ngapura wong Yéhuda.+