-
Kaimaman 25:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Kowé kudu ngumumké nèk taun ke-50 kuwi suci. Kowé ya kudu ngumumké kebébasan marang kabèh penduduk ing negara kuwi.+ Kuwi bakal dadi taun Yobèl* kanggo kowé. Kabèh hartané wong sing wis diedol kudu dibalèkké manèh marang sing nduwé, lan wong sing wis diedol dadi budhak kudu dibalèkké manèh marang keluargané.+
-
-
Kaimaman 25:39-42Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
39 ”’Nèk ana sedulur sing manggon ing cedhakmu dadi mlarat lan ngedol awaké marang kowé,+ aja mbok kongkon kerja kaya budhak.+ 40 Anggepen dhèwèké kaya buruh upahan,+ kaya penduduk sementara. Dhèwèké bakal nglayani kowé nganti taun Yobèl. 41 Terus, dhèwèké lan anak-anaké bakal ninggalké kowé lan bali marang keluargané menyang tanahé nènèk moyangé.+ 42 Wong-wong kuwi budhak-Ku sing wis Tak gawa metu saka Mesir.+ Wong-wong kuwi ora éntuk ngedol awaké dadi budhak.
-
-
Pangandharing Torèt 15:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”Nèk ana sedulurmu, yaiku wong lanang utawa wong wédok Ibrani, sing diedol marang kowé lan wis enem taun dadi pembantumu, ing taun kepitu wong kuwi kudu mbok bébaské.+
-