34 Firaun Nékho ngangkat Èliakim anaké Yosia kanggo mréntah dadi raja nggantèni Yosia bapaké, terus ngganti jenengé dadi Yéhoyakim. Ning dhèwèké nggawa Yéhoahaz menyang Mesir,+ lan akhiré Yéhoahaz mati ing kono.+
5 Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakim+ umuré 25 taun lan mréntah 11 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah Gusti Allahé.+