-
Yérémia 39:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Mula Nébuzaradan kepala pengawal kuwi, Rabsaris* sing jenengé Nébusyazban, Rabmag* sing jenengé Nérgal-syarèzèr, lan kabèh wong penting ing kerajaan Babilon ngutus wong 14 kanggo nggawa Yérémia metu saka Halaman Penjaga+ lan diterké marang Gédalia+ anaké Ahikam+ anaké Syafan,+ bèn Yérémia digawa menyang omahé Gédalia. Dadi, Yérémia manggon bareng karo rakyat liyané.
-
-
Yérémia 41:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Ismaèl anaké Nétania lan wong lanang sepuluh sing bareng karo dhèwèké matèni Gédalia anaké Ahikam anaké Syafan nganggo pedhang. Ya kaya ngono kuwi dhèwèké matèni wong sing diangkat raja Babilon kanggo mréntah ing tanah kuwi.
-