-
Yérémia 44:12-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Aku bakal nggawé wong Yéhuda sing isih urip, sing padha ngèyèl arep lunga menyang Mesir lan manggon ing kana, bèn padha mati ing Mesir.+ Wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang lan mati merga kelaparan. Saka rakyat biasa nganti pejabat, kabèh bakal mati merga pedhang lan kelaparan. Wong-wong bakal ngutuk, ngécé, lan ngrèmèhké wong-wong kuwi. Wong-wong ya bakal wedi pas ngerti sing dialami wong-wong kuwi.+ 13 Aku bakal ngukum wong-wong sing manggon ing Mesir kaya Aku wis ngukum Yérusalèm nganggo pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit.+ 14 Wong Yéhuda sing isih urip, sing lunga merga arep manggon ing Mesir, ora bakal ana sing lolos utawa bali manèh menyang Yéhuda. Wong-wong kuwi bakal péngin banget bali lan manggon ing Yéhuda, ning ora bakal isa. Mung sithik sing isa lolos.’”
-
-
Yérémia 44:27, 28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Saiki Aku mung arep nggawé wong-wong kuwi kena bencana lan ora ngalami apa sing apik.+ Kabèh wong Yéhuda sing ana ing Mesir bakal mati merga pedhang lan kelaparan nganti wong-wong kuwi ora ana manèh.+ 28 Mung sithik sing bakal lolos saka pedhang lan bali saka Mesir menyang Yéhuda.+ Terus, kabèh wong Yéhuda sing isih urip, sing padha lunga menyang Mesir merga arep manggon ing kana, bakal ngerti omongané sapa sing kelakon, omongan-Ku apa omongané wong-wong kuwi.”’”
-