-
2 Para Raja 25:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Ing sasi kelima, ing dina kepitu sasi kuwi, yaiku taun ke-19 pamréntahané Nébukhadnézar raja Babilon, Nébuzaradan+ sing dadi kepala pengawalé raja Babilon teka menyang Yérusalèm.+ 9 Dhèwèké ngobong omahé Yéhuwah,+ istanané raja,+ lan kabèh omah ing Yérusalèm.+ Dhèwèké ya ngobong omahé wong-wong penting ing kutha kuwi.+ 10 Témbok-témbok sing ngubengi kutha Yérusalèm dirubuhké karo pasukan Khaldéa sing ngetutké kepala pengawal kuwi.+
-
-
2 Babad 34:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal nyebabké panggonan iki lan penduduké kena bencana,+ yaiku kabèh kutukan sing wis ditulis ing buku+ sing wis diwacakké ing ngarepé raja Yéhuda. 25 Merga wong-wong kuwi wis ninggalké Aku+ lan nggawé asap korban kanggo allah-allah liyané bèn nglarani ati-Ku+ nganggo hasil kerja kerasé. Kuwi sebabé Aku bakal nesu karo panggonan iki kaya geni sing terus murub.’”+
-
-
2 Babad 36:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
17 Mula, Gusti Allah nggawé rajané wong Khaldéa+ nglawan wong-wong kuwi. Raja kuwi matèni cah-cah enom nganggo pedhang+ ing panggonan suci.+ Raja kuwi ora mesakké karo cah lanang utawa cah wédok, sing tuwa utawa sing lara.+ Kabèh diserahké marang raja kuwi.+
-