-
Yérémia 41:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Yohanan anaké Karéah lan kabèh pemimpin pasukan sing bareng dhèwèké nggawa kabèh wong sing wis dislametké saka Ismaèl anaké Nétania, sing wis ditangkep ing Mizpa sakwisé Ismaèl matèni Gédalia+ anaké Ahikam. Saka Gibéon, Yohanan nggawa bali manèh wong-wong lanang, para prajurit, wong-wong wédok, anak-anak, lan para pejabat.
-
-
Yérémia 42:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
42 Terus kabèh pemimpin pasukan, termasuk Yohanan+ anaké Karéah, Yézania anaké Hosyaya, lan kabèh rakyat, saka rakyat biasa nganti pejabat, padha teka 2 lan kandha marang Nabi Yérémia, ”Tulung rungokna apa sing tak jaluk. Ndongaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo aku lan wong-wong sing slamet iki. Kowé ndelok dhéwé nèk wong-wong sing isih urip mung kari sithik.+ 3 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu ngandhani aku dalan sing kudu tak liwati lan apa sing kudu tak tindakké.”
-