19 Pas mréntah dadi raja, Amon+ umuré 22 taun lan mréntah rong taun suwéné ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Mésyulèmèt anaké Haruz saka Yotba. 20 Amon terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Manasyé bapaké.+
8 Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakhin+ umuré 18 taun lan mréntah ing Yérusalèm telung sasi suwéné.+ Ibuné jenengé Néhusta anaké Èlnatan saka Yérusalèm. 9 Yéhoyakhin terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké bapaké.