PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 23:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 ”Aku bakal ngumpulké domba-domba-Ku sing isih urip sing wis Tak pencarké ing negara-negara liya,+ terus Tak gawa bali menyang padhang rumputé.+ Domba-domba kuwi bakal nduwé anak lan jumlahé saya akèh.+

  • Yérémia 23:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Ing jamané, Yéhuda bakal dislametké+ lan Israèl bakal manggon aman.+ Jenengé raja kuwi yaiku ’Sing Bener Kuwi Asalé saka Yéhuwah.’”+

  • Yérémia 30:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 ”Kowé Yakub, abdi-Ku, aja wedi,” kandhané Yéhuwah,

      ”Hé Israèl, kowé ya aja wedi.+

      Aku bakal mbébaské kowé saka panggonan sing adoh

      Lan mbébaské keturunanmu saka tanah panggonané wong-wong kuwi ditawan.+

      Yakub bakal bali lan ngrasa aman tanpa gangguan.

      Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.”+

      11 Yéhuwah kandha, ”Aku ndhukung kowé kanggo nylametké kowé.

      Ing bangsa ngendi waé kowé Tak sebar,+ Aku bakal nyingkirké kabèh bangsa kuwi.

      Ning, kowé ora bakal Tak singkirké.+

      Kowé bakal tetep Tak hukum,+

      Ning Aku bakal ngukum kowé nganggo cara sing bener.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim