-
Obaja 2-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Aku wis nggawé kowé dirèmèhké bangsa-bangsa liya;
Kowé bener-bener disepèlèkké.+
3 Atimu sing sombong wis ngapusi kowé.+
Kowé manggon ing tebing watu bèn dilindhungi,
Kowé manggon ing gunung-gunung sing dhuwur, lan kowé mbatin,
’Sapa sing isa nibakké aku ing bumi?’
4 Senajan kowé manggon ing panggonan sing dhuwur* kaya elang
Utawa nggawé susuh ing antarané bintang-bintang,
Aku bakal nibakké kowé saka kana,” kuwi kandhané Yéhuwah.
-