-
Yésaya 13:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Panggonan kuwi ora bakal dienggoni manèh.
Panggonan kuwi ora bakal dienggoni nganti turun-temurun.+
Wong Arab ora bakal nggawé kémah ing kono,
Lan ora ana gembala sing nggawa ternaké bèn lèrèn ing panggonan kuwi.
-
-
Yésaya 14:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Yéhuwah pemimpiné pasukan ngomong manèh, ”Aku bakal nggawé Babilon dadi rawa-rawa lan dadi panggonané landak. Dhèwèké bener-bener bakal Tak hancurké.”+
-
-
Yérémia 50:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Sebab ana bangsa sing wis nyerang Babilon saka lor,+
Mula tanahé dadi panggonan sing medèni.
Ora ana sing manggon ing kana.
Manungsa utawa kéwan wis padha mlayu.
Kabèh wis ora ana manèh.”
-
-
Yérémia 51:29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Bumi bakal goncang lan gemeter
Merga Yéhuwah bakal nindakké apa sing wis direncanakké kanggo Babilon,
Yaiku arep nggawé Babilon dadi panggonan sing medèni lan ora ana sing ngenggoni.+
-