-
2 Para Raja 25:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Ing taun kesanga pamréntahané Zédékia, ing dina kesepuluh sasi kesepuluh, Nébukhadnézar+ raja Babilon teka bareng karo kabèh pasukané kanggo nyerang Yérusalèm.+ Dhèwèké kémah ing ngarepé kutha kuwi lan mbangun témbok ing sak ubengé kanggo ngepung kutha kuwi.+ 2 Kutha kuwi dikepung nganti taun ke-11 pamréntahané Raja Zédékia.
-
-
Yésaya 29:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Aku bakal ngedegké kémah ing sekitarmu bèn isa nglawan kowé.
Aku bakal ngepung kowé nganggo kayu-kayu sing lancip.
Aku bakal nggawé témbok bèn isa ngepung kowé.+
-
-
Yèhèzkièl 21:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Raja Babilon bakal mandheg lan ngramal ing persimpangan dalan kuwi, yaiku ing panggonan dalan kuwi mulai nyabang dadi loro. Panahé dikocok-kocok. Dhèwèké njaluk tuntunan marang brahalané lan nggolèk tandha nganggo ati kéwan. 22 Ing tangan tengené, ana ramalan sing nduduhké nèk dhèwèké kudu menyang Yérusalèm, nyiapké alat kanggo ndhobrak, mènèhi préntah kanggo matèni, ngumumké nèk bakal ana perang, masang alat kanggo ndhobrak ing gerbang-gerbang, mbangun kubu pengepungan, lan ngedegké témbok pengepungan.+
-