-
2 Para Raja 25:18-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Kepala pengawal kuwi nangkep Séraya,+ yaiku imam kepala, Zéfanya,+ yaiku imam sing mbantu imam kepala, lan telu penjaga lawang.+ 19 Saka kutha kuwi, dhèwèké nangkep siji pejabat istana sing ngawasi para prajurit, lima penaséhat pribadi Raja sing ana ing kana, siji sekretaris pemimpin pasukan sing nglumpukké rakyat ing negara kuwi, lan wong 60 sing ana ing kutha kuwi. 20 Nébuzaradan+ kepala pengawal kuwi nggawa wong-wong mau marang raja Babilon ing Ribla.+ 21 Terus, raja Babilon matèni wong-wong mau ing Ribla ing dhaérah Hamat.+ Ya ngono kuwi ceritané Yéhuda ditawan saka negarané.+
-