-
Yérémia 14:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Para nabi kuwi nyampèkké ramalan sing ora bener nganggo jeneng-Ku.+ Aku ora ngutus wong-wong kuwi.+ Aku ya ora ngongkon utawa ngomong karo wong-wong kuwi. Ramalané wong-wong kuwi isiné wahyu sing ora bener, ramalan sing ora ana gunané, lan crita sing dikarang-karang dhéwé.+
-
-
Kidung Pangadhuh 2:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Wahyu sing disampèkké para nabimu kuwi ora bener lan ora ana gunané.+
-
-
Yèhèzkièl 13:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Wong-wong kuwi ngaku-ngaku ndelok wahyu, lan ramalané ya ngapusi. Wong-wong kuwi kandha, ’Yéhuwah ngomong ngéné,’ padahal Yéhuwah ora ngutus wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi ya ngarep-arep bèn omongané kelakon.+
-